DINAS PENDIDIKAN KOTA MADIUN

Dinas Pendidikan Kota Madiun

GLADEN DWIJA BABAGAN PARAMASASTRA LAN TULADHA

Published by admin on

Mingkar Mingkuring Angkara
Akarana Karenan Mardi Siwi
Mrih Ketarta Pakertining Ngilmu Luhung
Kang Tumrap ing Tanah Jawa
Agama Ageming Aji…..

MADIUN – Larikan tembang Pangkur ingkang kaserat saking ‘Ndalem KGPAA Mangkunegaran IV ngumandang ing sajroning gedung gladen Graha Mangga, Kutha Mediun

Para dwija bahasa jawa SD lan SMP padha sayuk anggene nembang. Semangate para dwija ngethokake yen budoyo basa jawa isih ngrembaka ing sekolah

Gladen pada dwija iku dianakake dening Dinas Pendidikan kutho Mediun, bagian Bidang Kurikulum, Pembinaan Bahasa dan Sastra.
“Para dwija kedah gadhah kemampuan ing babagan paramasatra lan tuladha tindak tanduk saben dinane, kagem tuladha para siswa lan para dwija liyane”. iku ungkape Kabid Kurikulum, Pembinaan Bahasa lan Sastra.

Salah sijine kurikulum merdeka ing kutha Mediun yoiku para siswa kudu diwulang bisa nulis jawa, nembang, lan pacelathon sing bener nganggo basa krama.

Gladen iki kaleksanan suwene rong dino, yoiku mulai wingenane rabu sampek kamis, 26 – 27 Oktober 2022, sing jumlahe 110 dwijo. Hasil gladen saben dwija kudu bisa nduweni program mulang sing tepak lan bener kaya dene sing diwulangke narasumber, Pak Yogi Danan P.U, S.Sn minangka salah sijining dalang ing kutho Mediun sing dipercoyo mulang pada dwija ing gladen iki.

Mekaten, mugi ndadosaken sae kagem mutu pendidikankutho Mediun, khususipun babagan tuladha pakarti lan pacelathon para siswa saben dinane. (nar/dok:sh/nk)

Categories: Berita

0 Comments

Leave a Reply

Avatar placeholder

Your email address will not be published. Required fields are marked *